Sabtu, 30 April 2011

sYI`Ir nYaMlenG Ala Gusdur


Ngawiti Ingsun Nglaras Singiran
Kelawan Muji Marang Pengeran
Kang Paring Rohmat Lan Kenikmatan
Raino Wengine Tanpo Pitungan 2X
Duh Bala Konco Priyo Wanito
Ajo Mung Ngaji Syari`at Bloko
Kur Pinter Ndongeng Nulis Lan Moco
Tembe Mburine Bakal Sangsoro 2X
     Akeh Kang Apal Qur`An Haditse
Seneng Ngafirke Marang Liyane
Kafire Dewek Da Digateke
Yen Esih Kotor Ati Akale 2X



Gampang Kabujuk Nafsu Angkoro
Ing Pepaese Gebyare Dunyo
Iri Lan Meri Sugihe Tonggo
Mulo Atine Peteng Lan Nisto 2X

Ayu Sedulur Jo Nglaleake
Wajibe Ngaji Lan Sa Pranatane
Tur Ngendelake Iman Tauhide
Baguse Sangu Mulyo Mati  2X




Kang Aran Sholeh Bangus Atine
Kerono Mapan Sari Ngilmune
Lagu Thoreqoh Lan Ma`Rifate
Ugo Khaqiqot Manjing Rasane 2X


Al Qur`An Qodim Wahyu Minulyo
Tanpo Di Tulis Iso Di Woco
Iku Wejangan Guru Waskito
Den Tancepake Ing Njero Dodo 2X

Kumantil Ati Lan Pikiran
Rasuk Ing Badan Kabeh Jeroan
Mu`jizat Rosul Dadi Pedoman
Minongko Dalan Manjinge Iman 2X



Kelawan Alloh Kang Maha Suci
Kudu Rangkulan Raino Lan Wengi
Di Tirakati Di Riyadho`i
Dzikir Lan Suluq Jo Nganti Lali 2X



Uripe Ayem Rumongso Aman
Dununge Roso Tanda Yen Iman
Sabar Narimo Najan Pas Pasan
Kabeh Di Nakdir Saking Pengeran 2X

Kelawan Konco Dulur Lan Tonggo
Kang Podo Rukun Koyo...............
Iku Sunahe Rosul Kang Mulyo
Nabi Muhammad Panutan Kito 2X



Ayo Nglakoni Se Kabehane
Alloh Kang Bakal Ngangkat Drajate
Senejan Asor Tata Dhohire
Ananging Mulyo Makom Drajate 2X



Lagu Palastro Ing Pungkasane
Ora Kesasar Roh Lan Sukmane
Den Gadang Alloh Swargo Manggone
Utuh  Mayite Ugo Ulese 2X


Di salin dari CD aslinya oleh  : Amin Asy`ari

Tidak ada komentar:

Posting Komentar